Serta Prabu Tawang Alun ninggal, keraton Macan Putih ngalami pralaya. Keraton gedhe kang wis dibangun apik, rakyate makmur lan ayem tentrem, kerana rebut kuwasa, mendhung pedhut peteng dhedhet ngemuli sekabehe kawula Macan Putih. Keraton Macan Putih sing katon putih maning, naming katon surem lan peteng, kaya dene peteng atine keluwarga istana lan kemesut wedine para kawula alit.
Gara-garane Pangeran Patih Sasranegara, anake Prabu Tawang Alun kang nomer loro, munggah dadi raja tanpa rembug ambi dulur-dulure lan punggawa keraton. Kerana munggah dadi raja tanpa rembug, mula tetulung teka dulur-dulure lan punggawa keraton sing ana. Pangeran Sasranegara persasat dhewekan nggawa lakune keraton. Wewarah teka para punggawa keraton kang wis jeru ilmune sing diterima, perajurit kang setiya wis sing duwe, paran maning penguwat teka dulur. Mula sing sepira suwe, lakune keraton kaya dene cikar nggumbing gelindhingane.
Ndeleng lakune keraton kang sing sakmajade, anak-anake Prabu Tawang Alun liyane kaya Pangeran Macan Pura, Gajah Binarong, lan Kertanegara rumangsa eman-eman. Kabeh padha pikirane yaiku keraton Macan Putih tinggalane Bapake kudu diselametaken kanggo njunjung arum luhure trah Tawang Alun. Temokaken para punggawa keraton kang magih tuhu, kaya Wangsakarya lan liya liyane duwe karep kang padha. Kabeh kepingin mbalekaken jayane keraton Macan Putih. Lan kabeh magih enget kelendi kesel reka dayane Prabu Tawang Alun mbangun keraton bengen.
Mula rembug jangkep mupakat kadhung Pangeran Sasranegara kudu diedhunaken teka dhampar kencana keraton. Kerana Pangeran Sasranegara iku saktine keliwat-liwat, mula kudu ati-ati aja sampek ndadekaken raja pati utamane kawula alit polahe kabeh weruh kadhung Pangeran Sasranegara iku wateke kaku lan sing keneng kauthik atine. Kadhung wis munclak atine, gampang sing nganggo akal budi terotos dhig kabeh diadhepi lan dipateni. Paran maning iyane saiki nyekel keris pusaka keraton Si Sanggabuwana kang kesuwur saktine.
Embuh sapa kang mbisiki, Pangeran Sasranegara rungu kadhung iyane dierah patine ambi para punggawa lan arep dicoplok makutha rajane. Sing kathik mikir engko maning, Pangeran Sasranegara getihe gemulak, ngamuk ngunus keris metu teka paseban, sumbar nantang nyang sekabehe wong. Perajurit keraton diejak ngelabrak pasukan para punggawa kang ngepung keraton. Kerana perajurite mung sithik, Pangeran Sasranegara kewalahen ngadhepi musuh. Iyane balik nyang keraton lan nong njero ngamuk mateni keluwarga keraton.
Mas Ayu Gadhing, rabine Pangeran Sasranegara dhewek sing luput dadi sasaran. Naming wong wadon ayu asal Pasuruan iki duwe nasib apik magih diwelasi Kang Kuwasa. Ambi nggindhong anake kang aran Mas Purba, Mas Ayu Gadhing tataan nyawa melayu sak kuwate ambi dietutaken embane kang aran Mbok Cina nyelametaken anake. Keraton Macan Putih iku duwe terowongan dawa sampek gadug njabane keraton. Liwat terowongan iku ahire Mas Ayu Gadhing, Mas Purba lan Mbok Cina gadug ring alas Laban Jati. Ring kana wong telu mau sengidan sak suwene perang. Kanggo ngurmati labuhe Mbok Cina, alas iku mau kejuluk aran Laban Cina.
Kanggo mbungkasi perang, Wangsakarya nduduhi pengapesane Pangeran Sasranegara yaiku mung bisa dipateni nganggo tulup pusaka. Ahire Pangeran Sasranegara dipateni ambi Ngabei Sutanangga.
Kerana welas asihe Mas Ayu Gadhing, Mas Purba selamet teka amuke bapake. Serta keraton aman, Mas Purba kang magih umur 8 taun diangkat dadi raja kelawan julukan Pangeran Danureja. Pangeran Danureja iki ring tembe mburi kang duwe anak aran Mas Sirna alias Wong Agung Wilis kang mimpin rakyat Blambangan ngelawan Welanda.
(Hasan Basri)




